Senin, 14 Desember 2009

Agejawa

Tumrap kang wus pada pono mangulah gati, sakehing lelaku kang hangarep arep marang wohing pakarti iku, dadi pratanda kalamun durung temen panggayuhe. Jer lelabuhane ing kono isih kawoworan lan karoban dening hardaning rasa kemelikan kang dadi pratanda durung suci atine nganti tumeka pribadine Tembung temen ing kene dudu temene Guru utawa temene Gusti nanging temening pribadinira kang antuk pikukuhe Kang Maha Kuwasa. Dene Guru miwah Gusti amung saderma niteni cidra lan temening laku sawuse kabeh mau katemahan. Diupamaake kaya wong nandur wiji. Senadyan wiji becik, lemah kang ditanduri uga apik,lamun datan taberi jaga apadene ngupakara, sayekti banget anggone gampang tinerak ing hama.
Sayekti karahayon peparinge Gusti Kang Hakarya Jagad winengku ing karsa luhur ngemot tuntunan suci sempurnaning dumadi mangesti tunggil, minangka dadi lantaran tumurune kanugrahan hamurwani lelabuhan luhur memayu hayuning bawana karana hamemangun karya enak tyasing sesama.
1. Katiti panyerat mami, krana sekar smarandana, minangka dadi sranane , minangka panggugah rasa, kagem para sutresna, ingkang marsudi rahayu, mamayu hayu bawana
2. Bawana setra binangkit, dadi srana pangribawa, netepi laku jantrane, duh sutresna mangun rasa, wengakna atinira, tampanana aturipun, pamadyaning budi tama.
3. Besuk kapan pada prapti, marak sowan mring Pangeran, kepareng nampa kuncine, dadi manungsa utama, pangesuhing pra jalma, kang pada ngudi rahayu, karyenak tyasing sesama.
4. Sesama sameng dumadi, sesami sameng manungsa, becik kepareng sumeleh, sumarah karsaning Allah, sumadya ngesti brata, tumurune wahyunipun, panetep panata gama.
5. Agama ageming Aji, sakehing para nalendra, yekti mung titah wantahe, sakabeh pra laku tama, kang tansah ngesti tunggal, iku sayekti wong agung, aneng bumi nuswantara
6. Sawatara awak mami, mung kinarya saksinira, saksi utama uripe, senadyan ta durung priksa, kang mengku uripira, iku wajib muji syukur,
marang Allah Gustinira.
7. Gusti Ingkang Maha Asih, Gusti Kang Maha Kuwasa, netepi tresna kodrate, mring sakehing cipteng gesang, kang gumelar aneng donya, gumelar sajagad agung, nyukupi mring kabutuhan.
8. Butuh apa para jalmi, kabeh mau wus gumelar, saindenging jagad gede, gumelar sajagad raya, wrata kinaya ngapa, lestarine titah sagung, urip aneng alam donya.
9. Donya brana sawetawis, dadi lantarane pada, netepi kuwajibane, nggonira manembah Allah, sadina dinanira, lan sawengi wenginipun, netepi mring kuwajiban.
10. Wajib pada bangun nagri, katarima panembahnya, menawa wus tekeng kene, sira weruh rasanira, rasanya rasaningong, rasane wong sa jagad gung, rasane wong sabuwana
11. Bawana gung bawana lit, yekti pada tanpa beda, nadyan mung setitik bae, dene yen ta ana beda, yekti mung aneng karsa, kang kawengku laku hayu, nyukupi mring kabutuhan.
12. Kabutuhan ageng alit, gumantung marang kang nedya, memangun laku uripe, gede cilike mung katon, aneng tata gelarnya, dene aneng yektinipun, yekti pada tanpa beda
13. Kang beda anane nenggih, ingkang dadi kabutuhan, tumraping pati uripe, kanggo sangu ning dedalan, netepi kewajiban, peparing Gusti Maha Gung, mrih enak tyasing sesama.
14. Sesama sameng dumadi, ngugemana mring rasanya, bungah susah sandangane, bungahe para manungsa, susahe manungsa uga, tan ginggang nadyan sarambut, yekti mlaku reruntungan.
15. Reruntungan unda ungkih, nadyan gilir gumantinya, ngenut mring kabutuhane, bungah susah mung saderma, nyukupi kabutuhan, ngibadah marang Sang Hayu, hanetepi kuwajiban.
16. Apa wajibe wong urip, gumelar ing alam donya, sumebar sajagad gede, becik tansah emut pada, anane sira gesang, minangka dadi pangesuh, paugeraning Pangeran.
17. Pangeran wus paring wajib, heh sira para manungsa, sumujuda sira kabeh, manembah marang Hyang Manon, kang paring sira gesang, tembe wingking dadi wahyu, sempurnaning kondurira.
18. Kondur ngarsane Sang Adil, ora ngasta apa apa, kang ginawa mung amale, jroning urip aneng donya, kang yekti sawatara, kena kanggo sangunipun, mulih alam kalanggengan.
19. Langgeng datan owah gingsir, tan gotang keh amalira, uga tan wuwuh anane, jenjem cukup tanpa slewah, petungane tan salah, nadyan ta amung sarambut, iku pada den emuta.

0 komentar:

Posting Komentar